Saking
polokramanipun kalian Dewi Setyowati,Sang Noto Santanu kagungan putra kalih.
Inggih puniko Chitrangganda kaliyan Wichitrawirya.
Chitrangganda
gugur wonten ing peperangan, amargi panjenenganipun gugur tanpo peputra lajeng
ingkang rayi Wichitrawirya ingkang dipun wisudho dados ratu utawa Noto dampar
keprabon penjenenganipun dereng akhir dewasa. Lajeng tampuk pemerintahan kagem
sakwetawis dipun lenggahi utawi keasto dening rokokewalonipun, inggih puniko
Dewabroto utawi Bhisma. Dumugi titi manci wekdal Wichitrawirya sasampunipun
cekapakhir dewasa kagem polokrama, Bhisma madosaken calon garwa inggkang pentes
kagem rayinipun.
Sawetawis
puniko, wonten ing keraton Giyantipura, wekdal puniko saweg dipun wontenaken
sayembara, Raja Darmohumbara, Raja Keraton Giyantipuro kepingin madosi calon
garwo kagem tetigo putrinipun, inggih puniko Amba, Ambika Lan Ambalika.
Jumbuh kaliyan
padatan utawi adat sabenipun kaum bangsawan wonten ing wekdal puniko, lajeng
dipun wontennaken sayembara arupi perang tanding antawisipun para putra utawi
admajanipun Raja utawi para Pangeran ingkang pikantuk kaunggulan utawi
kemenangan wontenipun sayambara puniko ingkang dipun anggep pantes pikantuk
tetigo putri kedaton Giyantipura puniko.
Bhisma
hamutusaken kagem nderek sayembara puniko supados waged hamboyong putri Raja
Darmohumbara kagem ingkang rayi.
Wonten dinten
sayembara, ing alun-alun kedaton Giyantipura saryo ngempal putra-putra Raja
saking sedoyo keraton ingkang wonten ing laladan siti Hindustan lan sak kiwo
tengenipun. Piyambakipun sedoyo sami kagungan sedyo badhe nglaman sekar kedaton
ingkang misyuwur soho kawentar Sulistyoning warni soho kawibawanipun.
Amargi wonten
wanodyo ingkang dipun rebutaken, sayembara puniko dipun wontenaken soho dipun
gelar sarono ageng-agengan. Sinaoso rawuh kanti kreteg pikajengan ingkang
ageng, kathah ke mawon para pangeran ungkang kagungan raos khawatir, ajrih
nandhang wirang awit mbokbilih gagal unggul sayembara, langkung-lakung naliko
pirsa Bhisma rawuh ing madyaning sayembara. Bhisma misuwur utawa kawentar
kasektianipun soho kelimpatanipun migunaaken sawarnining gegaman utawi senjoto
perang.
Kejawi puniko,
amargi kesetiaanipun soho kateguhan manahipun , sedoyo tiyang remen dumateng
piyambaipun. Sekawit putro kedaton nyongko Bhisma rawuh namung badhe anyekseni
twinamprisani lampahing sayembara, awit sedoyo piyayi utawi sedoyo tiyang
mangertosi panjenenganipun angedalaken sumpah utawi prasetyo janji kagem mboten
badhe polo kromo.
Mboten wonten
ingkang nginten menawi Bhisma rawuh kagem maksud ingkang sami, soho mboten
wonten ingkang mangertosi panjenenganipun rawuh nglabeti kadangipun taruna,
wichitrawirya.
Para putra Raja
utawa Pangeran puniko klisikan, ngendikaaken Bhisma. Wonten salah setunggaling
priyagung ngendika “ Panjenenganipun panci keturunanipun Bharata ingkang sakti
soho wocaksono, emanipun sepisan piyambaipun kesupe dumateng awakipun piyambak.
Mboten sadar yen sampun sepuh soho kesupen dumateng prasetyonipun utawi
sumpahipun kagem gesang tanpo polokrama. Kagem punopo panjenenganipun nderek
utawi nglabeti sayembara puniko ?”
Putri – putri
Dharmahumbara ingkang badhe milih calon sisihanipun utawi garwa. Para putri-putri
sami mboten nggatosaken kerawuhanipun Bhisma. Panjenenganipun sedoyo nganggep
Bhisma pemuda sepuh ingkang mboten nyengsemaken. Putri-putri puniko sedoyo
mboten wonten ingkang kerso mpresani tumuju Bhisma.
Bhisma rumaos
ingkang dipun enyek lan dipun ledek, lajeng duko. Dipun tendang sedoyo pangeran
rawuh supados perang tanding kaliyan Bhisma. Mboten wonten ingkang wantun nolak
sinauso ngertosi sedoyo kemawon mboten mampu ngawonaken Bhisma puniko. Mboten
wonten ingkang purun dipun wirangaken wonten ngarsanipun putri-putri ingkang
sulistyo ing warno ingkang dadod gegayuhanipun para pangeran. Satunggal mboko
setunggal sami tanding yuda nengsah bhisma, lan sedoyo sami kawon.
Sigro
saksampunipun ngawonaken sedoyo putra raja ingkang nderek wonten sayambara
puniko, Bhisma nyamber tetiga putri-putri sulistyoning warni puniko lan mbeto
mlajar piyambaipin sedoyo kanti keretanipun ingkang misuwur sangt anggenipun
gancang lampahing kreto puniko saenggo kados dene mabur nilaraken madyaning
sayembara, tumuju Hastinapura. Bhisma mboyong Amba kleres wonten ing wanci Amba
milih Salwa minangka garwanipun, nanging bab puniko mboten dipun mangertosi
dening Bhisma lan Amba ajrih sanget anggenipun ngendika.
Sesarengan
kaliyan tetiga rayinipun sanesipun inggih puniko Ambika, soho Ambalika dipun
boyong dateng Hastipura kaliyan Bhisma supados dipun nikahaken kaliyan
Wicitrawirya.kekalih rayi Amba polokromo kaliyan Wicitrawirya, nanging manah
Amba kasep dumateng Salwa. Sesampunipun Amba ngaturi priksa menawi piyambakipun
milih Salwa dados garwanipun, Wicitrawiryo rumaos mboten sahe kagem ntresnani
wanito ingkang sampun klajeng ntresnani tiyang sanes. Lajeng panjenenganipun
marengaken lan nglilani Amba kesah ngadep Salwa.
Pangumbaranipun
Amba
Naliko Amba
dumugi ing istana Salwa, piyambakipun dipun tolak amargi Salwa mboten kersa
nggarwo kaliyan wanita ingkang sampun dipun robat saking panjenenganipun.
Amargi Salwa sampun dipun kawonaken dening Bhisma, nulo Salwa rumaos yen
ingkang pantes nggarwo utawi daup meniko Bhisma. Pramilo Amba dateng Hastipura
kangge daup utawi nggarwo kaliyan Bhisma. Nanging Bhisma igkang sampun Prasetyo
utawi sumpah kagem mboten badhe nggarwo sadangunipun gesang lajeng nolak nggarwo kaliyan Amba.
Wusananipun gesangipun Amba klontang – klantung wonten wono gung liwang –
liwung. Piyambakipun mboten dipun tampi kaliyan Salwa, dipun tolak ugi kaliyan
Bhisma. Wonten manahipun, tuwin kesengitan dumateng Bhisma, tiyang misahaken
saking Salwa. Wonten ing wono tutupan, Amba pinanggih kaliyan Resi Hotrawahana, eyangipun. Sasampunipun mangertosi kadadosan
ingkang dipun adepi Amba, sang resi nyuwun bantuan Bhisma Bargawa utawi
Parasurawa guru Bhisma. Parasurawa mbujuk Bhisma supados kerso nggarwa Amba.
Amargi Bhisma teras – terasan anggenipun nolak, Parasurawa dados duko lajeng
nantang Bhisma pun ajak poncokoro utawi perang. Peperangn antawisipun
Parasurawa mengsah Bhisma kedadosan kanthi seram lan wusananipun sasampunipun
para dewa menggah saha paring ketingkasan permasalahan kasebat.
Sasampunipun parasurawa gagal anggenipun nglembak utawi mbujuk
Bhisma, Amba piyambakipun nyuwun para dewa supados waged mangertosi Bhisma
sedo. Sangmuko, putra dewa Sangkara
Njedhul
ing ngarsanipun Amba Sanambi maringaken sangsangan (kalung) sekar.
Panjenenganipun ngendika menawi tiyang ingkang ngagem sangsangan (kalung) sekar
kasebut badhe dados pamerjoyo utawi tiyang ingkang nyedani Bisma. Sasampunipun
nampi peparingipun puniko, Amba lajeng kesah lelono kangge madosi
kesatria/satrio ingkang kersa ngagem sangsangan sekaripun. Mesti wonten
kasilipun awit kalung kasebat dipun paringaken dening dewa ingkang waged dipun
pitados mboten wonten tiyang ingkang sagah ngagem sasampunipun mangertosi bilih
tiyang ingkang kedah ngadepi inggih punika Bhisma nalika Amba manggihi Raja
Drupada, panyuwunipun inggih dipun tolak amargi sang raja ajreh mengsah Bhisma.
Wusananipun Amba mbucal sangsangan sekaripun dumateng tiyang wonten ing balai
patemon Raja Drupada, sasampunipun punika lajeng piyambakipun kesah kanthi
duka. Sangsangan sekar kasebat kajagi kanthi saestu lang mboten wonten ingkang
wanton nyenggol utawi nggepok.
Sedanipun
Amba
Kanthi
sengitipun dumateng Bhisma, Amba nglampahi tapa semedi kanthi saestu wonten ing
manahipun namung wonten kepinginan kangge mresani Bhisma seda. Amargi
ketekunanipun, Dewa Sangkara njedhul kaliyan ngendika yen amba badhe prasetya
dados pamerjaya Bhisma sang dewa uga ngendikaaken menawi sengitipun Amba
dumateng Bhisma mboten badhe ical sasampunipun prasetya utawi janji. Sasampunipun
midanget ketingkasan katerangan dawuh saking sang dewa, Amba ndamel dahana
utawi geni, lajeng ngobar seliranipun piyambak.
Salebeting
Cerita Sanes Wonten Katerangan Ngegrangi Sedanipun Amba
Kacariosaken
bilih Bhisma lelono utawi ngumbara kagem manggihi Amba awit anggenipun nolak kerono nanging Amba temtu nderekaken.
Wusananipun Bhisma ngamang-amangi njemparing utawi panah kaarahaken dating
Amba. Kangge ngajreh-ajrihi Amba supados piyambakipun inggal-inggal kesah.
Ananging Amba mboten ajrih lan ngendika, “Dewabrata, kawula pikantuk kesenengan
utawi pejah sedaya kula wau awit saking asta paduka, kawula lingsem menawi
kedah wangsul dating panggenan tiyang sepuh kawula, utawinipun wangsul wonten
pangayonan,” Bhisma kendel midanget pangandikanipun Amba. Dangu astanipun
anggenipun mentang panah saengga astonipun kringeten. Panah utawi jemparingipun
murca amargi astanipun teles lan lunyu jalaran kringeten. Panahipun lepas
nimbus dadanipun Amba. Sigra Bhisma merban tatunipun sinambi nuwun ngguguk.
Saderengipun dumugi prasetya, Amba pesen dumateng Bhisma, menawi piyambakipun
badhe manjelma dados putra Raja Drupada, ingkang badhe nderek wonten paperangan
angeng antawisipun kurawa kaliyang pandawa. Sesampunipun Amba nilar pesen
dumateng Bhisma kangge pungksanipun, piyambakipun lajeng sirna marga layu utawi
seda, dados dene sare ketingalanipun.
Lahir
Utawi Mijil Malih Dados Srikandi
Wonten ing kagesangan
salajengipun, Amba prasetya dados Srikandi, ingkang mbalani pandawa nalika
perang wonten ing kurusetia. Srikandi inggih punika putri Raja Drupada saking
Negara Pancala ingkang pinunjul. Nalika titiwanci lairpanjenenganipun wanita,
nanging sasampunipun dewasa piyambakipun gantos dados priya awit saking
piyambakipun yakso, utawi dewasa. Srikandi punikotiyang ingkang sagah ngagem
sangsanganipun Dewa Sangkara minongko tanda manawi piyambakipun badhe merjaya
Bhisma.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar